08
Nov
09

Makalah Agama

MUQODIMAH

Dados keprihatinan nalika ningali lan mireng cara-cara tiang Islam nindaaken mulasara janazah/mayit ingkang mboten semestine, ugi sepakatipun para jamaah dzikir fida ingkang saweg sami nindaaken amaliah Thoriqoh Hakikat.LLL
Pramila kitab alit punika dipun rakit kanti tembung kang gampang dipun pahami dening sedulur-sedulur Muslim. Ananging sanajan kaya mangkono tetep prayogi kitab puniko dipun guruaken.
Dene ingkang dados isi kitab puniko dipun petik saking Kitab Fathul Mu’in, I’anatu Talibin, Fathul Wahab, Iqna’, Minhajul Qowin, Bujairimi, Sulaiman Kurdi, Syarqawi Tahrir, Ihya Ulumuddin, lan Baqawit Wal Jawahir.
Wontenipun kesalahan lan kakirangan nyuwun pangemut dipun leresaken. Mugi-mugi Alloh paring manfaat. Amin.
Bab 1

Wongkang Arep Katekan Pati
Wong Islam kang sampun wonten tanda-tanda bakal pejah, sampun ngantos mikiraken nopo-nopo kecuali namung mikir-mikir datengipun rahmat saking Alloh Ta’ala. Inggih puniko sih kawelasane Alloh saha pangapura, lajeng samia ridlo rila dateng pamundute Alloh Ta’ala. Ngelingi dawuhipun Alloh
“Saben-saben awak-awakan mesti nyicipi mati”
“Nalika wis teka bates urip manungsa, maka ora bakal bisa ngundurake lan ora bisa ngajokaken sesaat bae ora“.
Mulo elingo ! yen rizkine putra wayah nopo dene bojo kang ditinggal, bungah lan susaeh iku kabeh sampun dipun temtoaken dening Alloh. Sehingga ora perlu dipikirake. Sebab bakal dadosaken angel utawi dangu anggenipun ruh medal. Jalaran ruh kang matine manggen teng alam ghoib ingkang nami alam malakut, puniko mboten semestine manggen wonten jasad ingkang manggen teng alam syahadah utawi alam mulki.
Mila kedadosan ingkang makaten wau mboten sanes namung kranten tunduk dateng dawuh prentahe Alloh Ta’ala. Sebab puniko nalika manungsa sampun bade pejah sajatosipun ruh puniko banget bungahe, kranten bade wangsul dateng alame utawa panggenanipun piyambak. Inggih pun iko alam malakut, namung nalika muhtador ngeling-ngeling dateng anak bojone, arta bandane lan sanes-sanesipun puniko anyebabi dados ruh terganggu.
Kadadosan makaten wau saged dipun nyataaken tanpa pilih-pilih tiyang, nopo tiyang saleh, alim, pemimpin, ahli ‘ibadah, tiang sugih, mlarat, jahil nopo dene tiyang kafir. Sadaya gumantung dateng owel lan mbotene rido utawi mboten nalika ngadepi pejah. Pramilo poro tiyang ingkang kaget utawi semaput, temtu cepet lan gampil medalipun ruh utawi anggenipun pejah. Sebab mboten wonten kesempatan kangge mikir-mikir.
Gandeng kalian kahanan ingkang makaten, mila Al Qur’an lan Hadits maringi patunjuk supados para Muslimin sagede gesang kanti nglatih pribadinipun. Sehingga gampil lan enteng nglepasaken nopo mawon ingkang dados kesenenganipun gesang sawekdal-wekdal wonten keperluan. Kranten sedaya tiyang sampu mesti bakale mati. Alloh prentah zakat yen sampun saged zakat, kangge ingkang dereng wajib zakat dipu anjuraken supados damel sodaqoh.

“Hai wong kang pada iman, bisaha pada maujaake sebagian saking apa kang wis dak paringake marang siro mumpung durung kiyamat. Kang ana ing dina iki ora ana dol tinuku, ora ana sih asihan, ora ana lung tinulungan, dene wong kafir iku wong kang pada dholim”
Hikmahe iki kabeh supados manungsa mboten owel nilaraken kesenengan uripe ing dunya nalika sampun wekdale ngadepi pati. Sebab kejawi perkawis angel utawi gampilipun medale ruh, ruh puniko kapan sampun mulai dicabut ingkang dipun wastani naza’. Manusa mesti ngraosaken sakarotil maot, tegesipun larane ruh dipun cabut ingkang mboten wonten bandinganipun.
Wondene anggenipun medal, mboten saged sambat-sambat utawi gembor-gembor niku mboten sebab sampun ical sedaya dayanipun hingga mboten mampu sambat-sambat saking sakitipun.
Kamangka wonten wekdal niku ugi kejawi saweg ngraosaken sakarotil maut, tiang wau dipun sumerepaken Malaikat pati, dipun panggihaken kaliyan Malaikat ingkang nyateti sedaya amale ingkang sae utawi awon, lajeng dipun tedakaken bakal panggonane.
Kanjeng Nabi Muhammad dawuh
“Siro kabeh ora bakal metu songko dunya iki tegese mati kapan durung ngyakinaken apa kang bakal dadi panggonane, lan durung weruh apa kang bakal dadi palungguhane, yaiku suwarga utawa neraka”
Kahanan makaten puniko inggih nalikane sakarotil maot.
Pramila kangge ngadepi kahanan kang makaten niki, antawisipun masalah-masalah ingkang kedah dipun mangertosi lan dipun siap sediaaken dening tiyang-tiyang Mukmin nopo Muslim ingih puniko:
1. Dados tiyang Islam kedah urip kanti netepi garis ‘ibadah ngemawula dateng Alloh Ta’ala, tegesipun nalika mergawe napa mawon kedah diniyati kangge sangune ‘ibadah, lajeng dipun papanaken lan dipun cocogaken kalih aturanipun ibadah kala wau.
“Alloh agawe jin lan manungsa amung perlu supaya pada ibadah”.
Tegese ngegungaken lan nyungkemi dawuh-dawuhe Alloh Ta’ala.
Dene ingkang nami ‘ibadah puniko nindaaken prentah utawa anjuran kanti raos ta’dhim utawi ngegungaken. Saking puniko tiyang Islam wajib ngaos supados mangertosi prentah lan anjurane Alloh
2. Dados tiyang Islam mboten kenging gesang kanti caranipun piyambak utawi caranipun umum, tegesipun tanpa mikiraken dalane ‘ibadah.
“Lamon sira manut akeh-akehe wong penduduk bumi/desa, mangka wong iku temtu nyasarake sira saking dalane Alloh”
3. Tiyang syahid punika tiyang kang pejah ing salebete peperangan nglawan kafir krana Alloh, tegese mbelani Agama Islam, puniko pejahipun temtu ngraosaken sakit mandar sakeca.
4. Muhtador, tegese tiyang kang sampun sumerep tanda-tanda bakale pejah, sak saged-saged usaha ambagusi penyananipun dateng Alloh Ta’ala. Kanti nyana yen Alloh Ta’ala ingkang sifat murah tur asih punika bakal paring kawelasan lan pangapura.
Sebab Nabi Muhammad sampun dawuh
“Sira kabeh yen arep mati, kudu pada mbagusake penyanane marang Alloh Ta’ala “
5. Tiyang ingkang saweg nunggu muhtador kang Muslim dipun sunataken nalqin, tegese nuntun kalimah klawan enteng tur pendek cepet. Tapi sampung meksa ugi sampun nambahi kalimat lan kalimah Dados anggenipun nalqin punika cekap sapindah mawon, mboten perlu bola bali, asal sampun purun ngucapaken. Dene menawi muhtador punika tiyang kafir utawi tiyang ingkang murtad, padahal piyambake kinten purun Islam, puniko ugi dipun sunahaken nalqin, nanging kalimahipun ngangge lafal lan lafal
6. Tiyang ingkang pejah mboten ngucap sanajan sampun dipun talqin, asal piyambake taksih tetep Islame, tegese mboten murtad, maka akhire bakal tetep mlebet suwarga. Sinaosa piyambake ahli ma’siat utawi fasik, tegese mboten nggadahi raos taat dateng Alloh. Wondene mbesuk mlebet neraka rumiyin, puniko namung sekedar dados paukuman sebab ma’siate lan lampah fasikipun.
7. Tiyang ingkang nunggu muhtador dipun sunataken maos surah Yasin, ingkang hikmahe ngringanaken sakite sakarotil maot, ugi disunatake maso surah Ar Ro’du, ingkang hikmahe gampilaken medalipun ruh.
Bab 2

Sawise Genah Mati
1. Sesampunipun muhtador genah pejah:
a. Dipun meremaken mripate kanti dipun usap sarana maos
b. Janggute mayit dipun taleni klawan pipih kang rada amba dipun jiretaken menginggil dateng sirah.
c. Saben-saben balung ros-rosipun dipun lemesaken sarana ngangge minyak.
d. Sandanganipun dipun lolosaken lajeng gantos dipun kukubi kain ingkang enteng tur lemes utawi alus, dipun slempitaken ngandapipun sirah lan sikil.
e. Wetengipun dipun tindih ngangge barang ingkang radi awrat supados weteng mboten mlembung.
f. Lajeng dipun adepaken dateng kiblat sarana miring, mboten kok mlumah kados ingkang lumampah. Dene caranipun nindih puniko dipun tali ngangge pipih miturut ujure mayit. Makaten kateranganipun Kitab Minhajul Qowim.
g. Dipun ububi klawan dupa ingkang wangi, perlunipun kangge ngilangi ambet kang mboten eca ingkang medal saking mayit
h. Lajeng enggal-enggal dipun dusi, disauri utange, diberesi zakate sedaya, ugi wasiat-wasiate, mangke kantun warise.

Bab 3
Ngrupaka Mayit
1. Ingkang nami Tajhiz inggih puniko ngedusi, ngulesi, nyolati, mikul, lan nguburaken mayit
2. Hukume ngrupaka mayit fardu kifayah, artosipun sedaya tiyang ingkang sumerep utawi mireng wonten mayit puniko berkewajiban ngrupaka. Tapi asal sampun wonten ingkang tandang sinaosa namung sebagian, maka kewajiban wau sampun gugur sangking sanese. Makaten puniko nalika mayite mayit Islam. Dene menawi mayite kafir, tiyang Islam mboten kewajiban, tapi kenging ngedusi tur mboten haram, samanten ugi nalika mayite tiyang ingkang murtad.
3. Tiyang Islam haram nyalati mayit kafir utawi ingkang murtad, sami ugi kafir harbi utawi dzimi. Dene ingkang nami kafir harbi punika tiyang kafir ingkang merangi tiyang Islam. Kafir dzimi punika kafir ingkang dados penduduk negeri Islam, tur keslametan utawi keamananipun dipun jamin dening pemerintah Islam. Sebab purun bayar pajak ingkang dipun tetepaken dening pemerintah Islam. Tiyang murtad puniko tiyang Islam ingkang mlebet agami sanes utawi tiyang ingkang terang-terangan ngangasi utawi bangkang dateng peraturan kewajibanipun agami Islam. Utawi berkeyakinan ingkang bertentangan kalian i’tikad ingkang sampun dipun tetepaken dening Al Qur’an lan Hadits, utawi sebab nggadahi lakon utawi ucapan kang nyebabi dados murtad
4. Tiyang Islam berkewajiban ngulesi lan ngubur mayit kafir dzimi
5. Tiyang Islam mboten wajib ngulesi lan nguburaken mayit kafir harbi lan murtad
6. Anake tiyang kafir punika hukume sami kalian hukum ingkang dipun tetepaken dateng tiyang sepahipun.
7. Mayit tiyang estri saweg hamil ingkang widungane mboten saged dipun ajeng-ajeng gesangipun sebab kurang saking umur nem wulan puniko haram utawi mboten pareng dipun bedel wetengipun, ugi mboten kenging dipun kubur sederengipun nyata widunganipun sampun pejah. Sehingga sinaosa dipun tunda rumiyin sinaosa ngantos owah gandane mayit. Dene menawi sampun kebacut dipun kubur ingkang sekinten widunganipun sampun nyata-nyata pejah puniko mboten kenging dipun keduk. Menawi widunganipun sampun umur nem wulan sepenginggil, maka kedah dipun bedel wetenge mayit kangge dipun delakaken widunganipun, mboten perlu nunggu dokter. Nanging perlu paring pangertos dateng aparat supados mboten dados fitnah. Menawi sampun kebacut dipun kubur sarana dereng nyata pejahe widungan, wajib supados dipun keduk lan dipun bedel.
8. Bayi keluron ingkang dereng rupi jasad, mboten wajib ngrupaka, mandar kenging mawon dipun bucal. Dados namung dipun sunataken mawon dipun bungkus kain lan dipun kubur. Dene menawi sampun nyata arupi jasad tur wonten tanda-tandanipun urip, wajib dipun dusi, dipulesi, disholati, lan dipun kubur. Menawi mboten wonten tanda-tandanipun gesang, kados dene nangis, jerit utawi obah nopodene ambekan, puniko namung wajib ngedusi, ngulesi, lan nguburaken, mboten dipun disholati.
9. Wong mati sahid mboten dipun sholati, mboten dipun dusi namung wajib ngulesi lan nguburaken kemawon.

Bab 4
Ngedusi Mayit
1. Ngedusi mayit niku kedah ngrataaken toya dateng sedaya badane, termasuk rambut lan ngandapipun kuku ingkang ireng. Menawi wonten perkawis ingkang ngalang-ngalangi tekane toya dateng kulit kedah dipun icali.
2. Tiyang kafir lan tiyang murtad upami ngedusi mayit tiyang Islam puniko sah
3. Mayit jaler ingkang kulup (dereng khitan) sami ugi taksih lare utawi sampun dewasa nalika dipun dusi kedah dumugi ngandapipun sikut, dene menawi angel mangka dipun tayamumi. Dene caranipun inggih puniko astane tiyang ingkang ngedusi dipun taplokaken dateng lebu/lemah. Kanti niyat:
“Aku niyat tayamum kangge gantine masuhi ngisore sikute iki mayit lillahi ta’ala”.
Lajeng tangane dipun usapaken dateng rahinipun mayit, lan tangan kiwa dipun uasapaken dateng tangan tengenipun mayit dumugi sikut. Lajeng nabok dateng lebu/lemah malih kanti asta kalihipun. Salajeng dipun usapaken dateng tangane mayit ingkang kiwa hingga dateng sikut.
4. Ngedusi mayit puniko mboten wajib niyat, mila upami mboten niyat inggih sah, tapi dipun sunahaken niyat. Kinten-kinten makaten:
5. Mayit ingkang ewuh nalika dipun dusi, kados ingkang kebakar, ketimbun utawi sepadane, ingkang upami dipun dus badane saged ambrol/ajur, puniko wajib ditayamumi, milo mboten kenging didusi
6. Nalika mayit jaler utawi estri ingkang mboten wonten mahromipun puniko ugi wajib dipun tayamumi, sebab tiyang lintu/sanes mahrom puniko mboten kenging ngedusi. Dene nalika sampun dipun tayamumi, mandar sampun dipun sholati saderenge dipun kubur mahromipun dumugi puniko wajib dipun dusi.
7. Tiyang pejah kerem tetep wajib didusi, asal dereng busuk/ambrol
8. Bojo wadon kenging ngedusi bojo lanang ugi sawangsule, tapi dipun sunahaken mboten senggolan kulit
9. Mayit ingkang sesampune dipun dusi kok medal najise puniko mboten wajib dipun wangsuli malih, mandar namung wajib ngicali najise kemawon
10. Tiyang ingkang ngedusi mayit dipun sunahaken mudoni kanti niyat:
“niyat ingsun nglakoni wudu sunat krana Alloh ta’ala”
Dados hukumipun ngedusi mayit Islam puniko wajib, dene niyat puniko sunah. Hukume mudoni puniko sunah, tapi niyate wajib
11. Mayit ingkang mbrendel/lengket rambute utawi wonten tatunipun teng sirah lan wonten rah utawi najis utawi kotoran ingkang garing hingga saged ngalang-ngalangi tumekane banyu dateng kulit, puniko wajib dipun icali, dipun bersihi utawi dipun cukur rambutipun lajeng dipun lebetaken dateng nglebetipun ules
12. Mayit ingkang sampun kadung dikubur saderenge dipun dusi, puniko wajib dikeduk kangge dipun dusi, nalika dereng owah maka harom dipun keduk
Bab 5
Pertikele Ngedusi Mayit
1. Sempurnanipun ngedusi mayit inggih puniko: panggenanipun wonten paresepan tur wonten payonipun/tudung. Lajeng ambenipun/dipan ingkang inggil sepalih utawi ingkang krapyak. Perlunipun supados toyanipun saged mili, wanten ing sakitaripun dipun ububi kanti dupa ingkang anggadahi wangi kangge ngicali ambet saking mayit ingkang mboten eca utawi anyir. Tiyang sanes ingkang mboten wonten kepentinganipun ampun gantos mlebet, kejawi tiyang ingkang ngedusi, ingkang mbantu lan para walinipun mayit. Nyiramipun ngangge toya ingkang katah, saking sisih tengen rumiyin, wetengipun dipun urut, dipun tenet ngangge asta kiwa supados kotorane saged medal. Lajeng mayit dipun lumahaken, qubul dan dubure dipun cewoki ngangge asta kiwa ingkang dipun blebet kanti pipih utawi serbet. Lajeng untune mayit dipun gosok ngangge driji ingkang dipun blebet, semanten ugi nglebetipun irung lan kuping, rambut, sirah, jenggot dipun suremi ngangge sisir ingkang arang tur alon-alon. Menawi wonten ingkang ambrol dipun kumpulaken dipun lebetaken dateng ules. Salajengipun kantun dipun wudoni, teras dipun sirami sisih tengenipun mayit awit sangking gulu tumuli dateng dlamakan sikil. Lajeng kantun sisih kiwanipun mayit dipun sirami awit gulunipun ngantos tumeka dlamakan. Lajeng mayit dipun iringaken dateng sisih kiwa, sisih tengenipun mayit dipun gosoki awit gitok hingga dateng dlamakan. Lajeng mayit dipun iringaken dateng sisih tengen, sisih kiwanipun mayit dipun gosoki awit gitok hingga dateng dlamakan. Sedaya niku wau ngangginaken sabun wangi, tur sampun ngantos nyenggol dateng aurate mayit, sebab puniko harom hukumipun. Mila kangge anjagi ingkang makaten, prayoganipun astanipun mughtasil/tiyang ingkang ngedusi dipun blebet kalian kain. Sesampunipun rampung kantun dipun bilas ngangge toya resik ingkang dipun campur kalian kapur barus utawi nopo kemawon ingkang nolak lan nyingkiraken kewan-kewan lembut kados dene DDT utawi karbol. Kamangka dipun sunahaken ngaping kalihi dumugi kaping tiga, nembe dipun lap/serbeti ngangge handuk, lajeng dipun ulesi.
2. Haram hukumipun ngurebaken mayit.

Bab 6
Ngulesi Mayit
1. Dene ules mayit puniko wonten sekawan werni
a. Bagian kang dados hake Alloh, inggih puniko ules ingkang saged nutupi aurate mayit. Nisbatipun mayit jaler inggih puniko antarane wudel lan dengkul. Nisbatipun mayit estri puniko sedayanipun badan salintunipun rahi lan epek-epek tangan.
Kaitanipun bagian puniko kranten hakipun Alloh, mila sinten kemawon tiyange mboten saged ngguguraken.
Dados upami wonten mayit ingkang wasiat :”yen aku mati ora usah ko ulesi, cukup dicaweti bahe”. Wasiat miki mboten sah, mila mboten kenging dilaksanaaken. Sebab naminipun mayit niki bade ngguguraken hake Alloh.
Contoh malih: “wonten mayit nggadahi tirkah/banda tinggalan jumlah Rp 50.000,- lan ugi nggadah utang Rp 75.000,- dateng tangganipun ”. Lajeng tetangga niki nuntut dateng ahli warisipun supados dipun sauri, padahal tirkah Rp 50.000,- bade kangge tumbas ules. Lajeng tetangga matur: “ora usah !, pokoke tirkah iki kudu kanggo nyauri aku, dene mayit cukup dicaweti bae “. Nah tetangga niki berarti bade ngguguraken hakipun Alloh, mila panyuwune mboten kenging dipun turuti.
b. Bagian ingkang dados hakipun mayit inggih puniko mulai ules ingkang nutup auratipun ngantos rapet. Artosipun kaitan bagian puniko upami mayit ngguguraken hakipun kenging dipun laksanaaken.
Misalipun wonten mayit ingkang wasiat :”yen aku mati mengko aku diulesi nganggo ules kang nutupi auratku bae”, ora usah nganti rapet “. Wasiat makaten kenging dipun laksanani, sehingga namung dipun ulesi ngangge ules ingkang namung nutupi aurate mawon.
Ewa samanten menawi miturut Imam Romli, bagian kang kaping kalih niki kejawi dados hakipun mayit, ugi dados hakipun Alloh. Mila mayit kedah dipun ulesi kanti rapet, senajan sampun wasiat kados wau. Dene tumrap tiyang ingkang mutangi dateng mayit ugi mboten kenging ngguguraken
c. Bagian ingkang dados hakipun ‘azma/tiyang ingkang sami ngutangi dateng mayit inggih puniko lapisan ules ingkang kaping kalih utawi kaping tiga.
Dados upami wonten tiyang ingkang ngutangi dateng mayit rebutan kalian ahli waris, masalah tirkah ingkang kersane ahli waris tirkahipun dipun pendet kanggo tumbas ules ingkang lapis nomor kalih utawi tiga.
Lajeng tiyang ingkang ngutangi dateng mayit ngalang-ngalangi/mboten marengaken, sebab bade kangge mbayar, nglunasi utangipun.
Lan manawi makaten niki ingkang dipun menangaken kedah tiyang ingkang ngutangi dateng mayit, sehingga ahli waris mboten dipun parengaken mendet tirkahipun, ingkang kangge tumbas ules lapis kaping kalih lan kaping tiga
d. Bagian ules ingkang kaping sekawan, upami wonten sebagian ahli waris ingkang nyegah supados mboten dipun ulesi langkung saking tigang lapis. Puniko kedah dipun turuti, lan upami ahli waris ngguguraken hak niki (bagian kaping sekawan), ategesipun mayite diulesi ngantos gangsal lapis, ugi kenging dipun lampahi
2. Ules mayit kedah rupi kain ingkang nalika uripe mayit halal dipun engge, dados nisbate mayit jelas mboten kenging ngangge ules rupi kain sutra
3. Boten kenging/haram nulisi asmane Alloh utawi ayat Al Qur’an wonten ing ules utawi kertas ingkang dipun seleh teng lebetipun ules
4. Mayit ingkang ulesipun dipun colong maling, wajib dipun gantos ules ingkang anyar, nanging miturut mu’tamade Imam Ibnu Hajar ing kitab Tuhfah miderek mu’tamade Imam Romli mboten wajib gantos ules ingkang anyar, tapi namung sunah kemawon.
Makaten niki menawi malinge mboten purun ngurug kuburipun mayit sehinga mayitipun ketingal, dene menawi dipun urugi malih hingga mayitipun mboten ketingal, puniko mboten kenging dipun duduk seperlu dipun ulesi anyar.
Bab 7
Ngulesi Mayit
1. Ngulesi mayit niku dipun sunataken ngangge ules ingkang werni petak, bagus tur wiyar. Saderenge mayit dipun angkat saking tempat ngedusi, dipun siapaken rumiyin selembar ules ingkang dipun gelar wonten amben utawi meja, dipun taburi kerikan kayu gaharu utawi kayu cendana utawi kapur barus lajeng dipun tumpangi selembar malih ingkang dipun wuwuri kados wahu.
Lajeng mayit dipun seleh wonten ing ngginggilipun ules ingkang kaping tiga, sarano alon-alon tur mlumah, astonipun ingkang kiwan dipun sedakepaken wonten ing dada, dene asta tengen dipun lurusaken saujuripun badane.
Nanging upami dipun lurusaken kalihipun utawi dipun sedakepaken sedaya inggih kenging.
Saterasipun sedaya anggotanipun mayit ingkang bolong lan ingkang prantos sujud dipun sumpeli ngangge kapas ingkang sampun dipun wuwuri cendana utawi minyak wangi.
Anggota-anggota wau inggih puniko: mripat, kuping, irung, cangkem, dubur, kubul, ugi tatu ingkang bolong tur nerus batuk, irung, dengkul kalih, batine epek-epek kalih, batine driji dlamakan kalih, lajeng sela-sela antawisipun suku ugi bokong dipun seseli kapas ingkang kados wau, kangge suku dipun taleni kalayan pipih.
Sesampunipun rampung makaten, ulesipun satunggal-setunggal dipun tangkebaken, lajeng dipun taleni, sinaosa mangke menawi mayit dipun seleh ing kubur bade dipun uculi
2. Tumrapipun mayit jaler dipun sunataken ngulesi ngangge ules tigang lapis, sinaosa teksih lare utawi bayi lan ugi kenging mawon saderenge dipun ulesi dipun klambeni kurung lan sorban. Tumrapipun mayit estri dipun sunataken ngangge tapih, lajeng klambi kurung lan mukena lajeng ules kalih lapis.
Bab 8
Nyolati Mayit
1. Syarat-syartipun shalat mayit puniko sami kaliyan syarat-syaratipun shalat sanes-sanesipun, salintunipun wekdal.
Sehingga tiyang ingkang shalat mayit inggih kedah suci saking najis, hadas alit utawi ageng, lah kedah nutupi aurat, tur madep kiblat, lan dipun tindaaken sesampunipun mayit disuceni/didusi.
Dene mayitipun kedah wonten ing ngajengipun tiyang ingkang shalat, menawi mayitipun hadir, tegesipun menawi mayitipun ghaib/teng panggenan ingkang tebih, puniko mboten dipun syarataken kedah teng ngajengipun.
2. Menawi tiyang ingkang shalat wonten nenem sepenginggil, dipun sunataken damel sof tigang larik.
3. Menawi mayitipun mboten dipun kewantosaken owahipun, dipun sunataken ngentosi kempalipun tiyang jumlah sekawan desa perlu sami nyolati, sekinten saged dipun ajeng-ajeng kempalipun
4. Imam utawi ingkang shalat piyambakan dipun sunataken ngadeg wonten ing anceripun bokonge mayit.
Menawi mayitipun estri, mila dipun ujuraken ngaler sirahipun, nisbat ing tanah jawi.
Ananipun mayit jaler, tiyang ingkang shalat dipun sunataken ngadeg teng anceripun sirah utawi pundakipun mayit.
Dados tumrap mayitipun jaler puniko dipun ujuraken ngidul sirahipun, nisbatipun teng tanah jawi.

Bab 9
Cara-Caranipun Shalat Mayit
1. Tiyang ingkang nyolati mayit dipun sunataken lirih bacaanipun sinaosa wonten ing wekdal ndalu.
Tur mboten dipun sunataken maos do’a iftitah lan suratan, namung tumrapipun imam dipun sunataken nyeroaken waosan takbir lan salam
2. Rukunipun shalat mayit puniko wonten pitu:
(1). Niyat,
(2). Takbir,
(3). Ngadeg,
(4). Maos Fatihah,
(5). Maos Shalawat,
(6). Do’aaken mayit,
(7). Uluk salam

Bab 10
Pertikele Shalat Mayit
1. Niyat puniko wonten ing manah/ ati, lafalipun niyat kirang langkung
Makaten kanti dipun sarengaken maos takbiratul ihram (Allohu Akbar). Sareng-sareng ugi ngangkat asta kalih, lajeng maos fatihah. Lajeng takbir malih maos sholawat. Lajeng takbir ingkang kaping tiga, terus maos do’a kangge mayit

Lejeng takbir malih ingkang kaping sekawan terus maos do’a
Lajeng uluk salam kanti nolehaken wajah dateng arah tengen lan kiwe
2. Do’a shalawat puniko dipun maos sesampunipun takbir ingkang kaping kalih. Dene do’aaken mayit puniko kawaos sesampunipun takbir kaping tiga. Wondene do’a ingkang sesampunipun takbir kaping sekawan puniko mboten wajib. Mila upami sesampunipun takbir kaping sekawan lajeng teras salam, puniko shalatipun tetep sah.
3. Bacaan surat fatihah mboten wajib dipun waos sesampunipun takbir pertama, mila upami dipun waos sederengipun maos shalawat utawi sesampunipun, utawi dipun waos sesampune takbir ingkang kaping tiga sesampune do’aaken mayit utawi sederenge, utawi dipun waos sesampunipun takbir ingkang kaping sekawan sederengipun salam, puniko ugi kenging tur sah shalatipun jenazah
4. Tiyang ingkang nyolati mayit dados ma’mum muwafiq (ma’mum ingkang sareng-sareng takbir sesampunipun imam), menawi ngantos ketinggalan takbir satunggal saking imame, hingga imamipun takbir malih, puniko ma’mum sholate dados batal, menawi mboten sebab udzur.
Contoh: imam takbir pertama-makmum takbir, lajeng imam takbir malih ingkang kaping kalih-makmum mboten takbir, lajeng imam takbir ingkang kaping tiga. Menawi kedadosan makaten niki, shalatipun makmum dados batal.
Nanging menawi ketilaripun sebab udzur, kados anggenipun maos mboten saged cepet, utawi kelalen, shalatipun makmum ingkang makaten mboten batal, tetep sah. Nanging makmum niki kedah ngurutaken shalate, kados dene nalika shalat piyambakan. Dados kapan sampun takbir kang kaping kalih inggih maos shalawat lan saterasipun
5. Shalat mayit kangge mayit ingkang sampun dipun kubur puniko sah, nanging mayit/kuburipun kedah sangajengipun tiyang ingkang nyolati. Menawi anggenipun nyolati wonten ing sanginggilipun kubur, tiyang ingkang shalat ngangge sendal, sendalipun puniko kedah dipun lepas, lajeng dipun gunaaken kangge tumpangan suku.
6. Nyolati mayit puniko kedahipun saderenge dipun kubur, dene menawi sampun dipun kubur nembe dipun shalati, mangka tiyang ingkang nguburaken mayit sedaya ketatrapan dosa, nanging shalatipun tetep sah
7. Shalat ghaib inggih puniko nyolati mayit ingkang tebih panggenganipun. Sesampunipun mayit dipun kubur utawi dereng, dene batesipun tebih puniko ukuran payahipun tiyang kang bade nyolati nalika bade ngrawuhi dateng panggenanipun mayit. Sinaosa taksih salebetipun kota utawi daerah. Kranten wiyaripun kota utawi ingkang bade nyolati saweg nandang gerah. Mila hukumpinu shalat ghaib puniko sah
8. Desa utawi kota ingkang blengket/gandeng, puniko hukumipun kados desa setunggal, mila mboten sah nindaaken shalat ghaib.
9. Niyat shalat ghaib secara lafalipun:
10. Do’anipun nyolati mayit cilik ingkang dereng baligh, dipun waos sesampunipun takbir ingkang kaping tiga:
11. Tiyang ingkang kepaten/pejah putranipun ingkang dereng baligh/dewasa mbenjing teng akherat lare puniko saged paringi syafa’at dateng tiyang sepah kalihipun. Menawi lare wau dipun aqiqohi, senajan anggenipun aqiqohi sesampunipun lare wau pejah. Menawi tiyang sepahe mboten purun aqiqohi, mangka lare wau mboten saged paring syafa’at dateng tiyang sepahipun.
12. Menawi mayit sampun rampung dishalati, dipun sunataken enggal-enggal dipun angkat dateng kubur. Lan salah satunggal tiyang ingkang sami hadir ngajak sareng-sareng maos fatihah, ingkang maksudipun : muga-muga olehe pada nyolati mayit ditrima dening Alloh, mayite dingapura dosa kaluputanipun dening Alloh, oleh ridhone Alloh, direksa saking fitnah lan siksa kubure, lepas saking panyempite kubur, diparingi kesabaran lan ketabahan keluargane, diparingi tentrem oleh rahmate gusti Alloh.
Sesampunipun rampung waosan fatihah, mayit dipun berangkataken kanti sirahipun wonten ngajeng

Bab 11
Ngiring Lan Ngubur Mayit
Para pelayat nalikane ngiring jenazah prayogi sampun sami gemuruh rame, jalaran hukumipun makruh. Ugi makruh tiyang ingkang ngiring jenazah kanti bekta dupa utawi nopo mawon ingkang wonten latunipun. Kados dene rokok, lampu lan sanesipun, kejawi anggenipun nguburaken mbutuhaken lampu.
Menawi sampun dumugi dateng kubur, tiyang ingkang sami ngiring sampun ngantos sami lenggah utawi nongkrong, sederengipun mayit dipun seleh. Anggenipun nyeleh mayit dipun sunataken wonten arah sikilipun kubur, dados nisbatipun wonten tanah jawi mayit dipun seleh sekidulipun luang, sehingga anggenipun nglebetaken dateng luang dipun sunataken sirahipun rumiyin tur dipun aub-aubi kalih kain kuburanipun, nalikanipun ngangkat mayit dipun sunataken maos:
Lajeng nalika mayit sampun dipun seleh wonten luang, tali-talinipun ulesipun dipun udari sedaya, lan ules ingkang wonten bagian pipi dipun singkab/buka. Pipi ingkang tengen dipun tempelaken dateng tanah, sirahipun dipun ganjel kalian bata mentah, rahinipun mayit dipun adepaken dateng kiblat mepet tanah landak, suku lan gigir dipun ganjel supados mayit mboten ngglempang utawi kemureb. Menawi sampun temata lajeng dipun adzani lan dipun qomati
1. Prayoginipun nalika mayit bade dipun urugi, salah satunggal saking hadirin mundut lemahipun kubur, lajeng dipun waosaken Surat Al Qodar saahire kangge dipun lebetaken wonten kubur ing sandingipun mayit. Perlunipun dados syafa’at dateng mayit.
2. Haram ngubur mayit mboten dipun paringi dangka/anjang-anjang.
3. Dipun sunataken damel tenger/ paesan teng nginggil sirah lan sikil, lemah uruganipun dipun inggilaken kinten-kinten sekilan kanti rata, supados menawi ambles mboten bolong
4. Tiyang ingkang caket dateng luanganipun nalika mayit dipun urug dipun sunataken mundut lemahipun tigang cakup angginaaken asta kalih, lajeng cakupan ingkang sapindah dipun waosaken
Teras lemah ingkang sampun dipun waosaken niki dipun lebetaken luang, dene cakupan ingkang kaping kalih dipun waosaken lafal
Lemah wau dipun kuburaken ing luang, lajeng nyakup lemah sepindah malih dumunung dados cakupan ingkang kaping tiga tur terakhir lajeng diwaosaken
Lemah niki ugi dipun katutaken ing luang kubur
5. Luang dipun urug kanti inggil, sunatipun kinten-kinten sakilan, lajeng dipun siram tiya dados keket lan padet
6. Sesampunipun rampung saking sedaya wau, para ingkang hadir ngiring dipun sunataken kendel sekedap, perlu nalqin tegesipun mulangi dateng mayit jawaban-jawaban kanggo ngadepi pitakonanipun malaikat Munkar lan Nakir. Lan nalika mayit dipun talqin, tiyang ingkang nalqin dipun sunataken tongkrong utawi lungguh wonten ing sanding sirahipun mayit kanti khusyuk. Tiyang ingkang pengiringipun sami ngadeg, ugi kanti tekun lan ninglingaken , sesampunipun dumugi wayahipun do’a inggih nalika tiyang ingkang nalqin sampun dumugi lafal para pengiring sami lenggah/dodok. Puniko lafalipun talqin, Kanti barokahipun
Asma Alloh ingkang Maha Welas lan Asih, kula bade muruki/mulang sederek kulo “Fulan bin/binti Fulan” ingkang pejah puniko:
Dumugi ing riki talqin sampun rampung, tumuli kantun do’a lan para pengiring sami lenggah
7. Mayit ingkang taksih alit/dereng baligh mboten dipun sunataken dipun talqin
8. Ngubur mayit ingkang Islam wajib ngadepaken mayite dateng qiblat. Ancer-anceripun inggih puniko Ka’bah ing Mekkah. Ingkang dipun adepaken inggih puniko rahi, dada lan suku. Mila nalika mayit mboten dipun adepaken dateng kiblat, kamangke sampung kadung dipun urug, mila wajib dipun duduk malih. Samanten ugi nalika anggenipun damel luang namung asal mujur ngalor ngidul tanpa mangertosi arahipun kiblat.
Pramila prayogi sanget kangge memenuhi perkawis puniko, wonten ing saben-saben desa wonten tiyang ingkang saged tur peduli ngleresaken arah kiblat. Supados kuburan, masjid, mushola lan griya kiblatipun sedaya sami leres
9. Kenging tur mboten makruh nguburaken mayit ing wekdal ndalu, asal mboten ngirangi kesempurnaanipun ngubur
10. Sesampunipun mayit rampung dipun kubur, dipun sunataken nancebaken utawi nyeleh tukulan utawi godong-godong ingkang taksih teles, mandar ingkang langkung utami tukulan ingkang wonten kembangipun
11. Haram damel bangunan wonten ing kuburan umum, kados to cungkup, kijing lan sanesipun. Kejawi kangge tiyang-tiyang ingkang mati syahid lan tiyang shaleh. Tiyang shaleh inggih puniko tiyang ingkang ngginaaken mangsa urip ing dalem saben dintene kangge menuhi hak-hak Alloh, kados hak dipun sembah, dipun taati, dipun agungaken lan sanes-sanesipun, ugi hak-hakipun masyarakat
12. Kangge para sanak saderek lan tangga tepalihipun mayit dipun sunataken atur-atur peparing dateng ahlinipun mayit arupi daharan nopo dene beras lan sanes-sanesipun.
13. Sampun dados lumrahipun nalikane wonten kematian, keluarganipun mayit sami ngawontenaken dedaharan lan kendurenan sederengipun utawi sesampunipun mayit dipun kubur. Wonten malih ingkang mbagi-bagi arto ingkang dipun istilahaken arto slawat. Ingkang dipun bagiaken dateng para hadirin, langkung-langkung tiyang ingkang nyolati.
Makaten ugi tip-tiap ndalunipun ngatos pitung ndalu sami kempal maos Qur’an lan tahlil, lajeng sekawan doso dinten lan satus dinten, sami menting-mentingaken damel kenduri ingkang mboten sakedik biayanipun. Asal tujuanipun mboten sanes nyuwun bantuan dateng para hadirin perlu ngaturi hadiah ganjaranipun maos Qur’an utawi tahlil saha sodaqoh dateng mayit ingkang wonten kubur.
Cara makaten wau menawi arto ingkang kangge ongkos kapundut saking tirkah/ tilaranipun mayit ingkang nggadahi lare yatim utawi sebagian ahli warisipun wonten ingkang saweg teng paran, utawi mayitipun nggadah utang ingkang nyata-nyata dereng dipun bayar/sauri, mangka hukumipun puniko haram. Dene manawi mboten dipun pundutaken saking tirkahipun mayit, artosipun kapundut saking arto/bandanipun ahli waris piyambak utawi kapundut saking tirkahipun mayit, nanging mayit wau mboten gadah utang tur mboten nilaraken anak yatim, sarta ahli warisipun wonten griya sadaya.
Menawi makaten kawontenanipun puniko mboten haran ngawontenaken kendurenan nopo dene mbagi-bagi arto slawat. Namung sebab mboten haram, mila inggih menapa wenang menapa makruh, menapa sunah ?
Wonten mriki sebagian ulama mastani bid’ah kados kasebat wonten Kitab I’anatut talibin. Lan wonten ingkang mastani wenang utawi sunah, kados kasebat wonten ing Kitab Umniyah bi Fatawi Nawaril Asriyah.
Sebab dene wontenipun perbedaan saking ulama, mila sayogyanipun upami bade tetep ngawontenaken inggih sageda dipun batesi tur ngangge perhitungan ingkang teliti gandeng kalian untung lan ruginipun wonten ing bab agami tuwin ekonomi. Sebab tujuanipun waosan-waosan tahlil nopo dene Qur’an lan sanes-sanesipun wau kangge paring manfaat dateng mayit. Ing mangka damel manfaat dateng mayit puniko saged dipun hasilaken ngangge cara-cara sanes, mandar langkung manfaat upaminipun kirim fatihah lan nyuwunaken ngapura kangge mayit wonten ing saben-saben mantun shalat, utawi sodaqoh sewu kalih ewu rupiah dateng tiyang ingkang leres-leres fakir tur sanget-sanget ambutuhaken.
Malah langkung sae malih menawi biaya kendurenipun matang puluh dumugi nyewu dinten dipun sodaqohaken, kanti sodaqoh jariahipun si mayit, jalaran sodaqoh jariah puniko ganjaranipun tetep mili lumintir sateruse. Sehingga makaten puniko manfaatipun langkung ageng tumrap sedayanipun tur langkung slamet saking riya/pamer utawi ujub
14. Sodaqoh utawi tahlil utawi maos Qur’an nopo dene do’a ingkang dipun niyati kangge mayit puniko saged manfaati tur saged dumugi dateng mayit, tapi ingkang utami puniko kanti dipun suwun, contohipun do’a makaten

15. Ta’ziyah puniko artosipun ngarem-ngarem/mbombongaken tiyang ingkang saweg kesusahan, dene wonten ing bab mayit mriki, puniki nganjuraken lan do’aaken dateng kaluarganipun mayit, supados sami sabar, tawakal lan nrima, mayitipun dipun ngapunten dosane dening Alloh
16. Hukumpun ta’ziyah puniko sunat ing dalem wekdal salebeting tigang dinten awit sedanipun mayit, ugi ta’ziyah puniko saged dipun tindaaken ngangge serat/layang tur hasil kasunatanipun
17. Pitakonipun malaikat Munkar-Nakir puniko angginaaken bahasanipun mayit
18. Ing nglebetipun kubur puniko wonten ni’mat, tegesipun kabingahan ugi wonten siksa sinaosa tiyang ingkang pejah puniko dipun bakar utawi wonten ing lebetipun weteng hewan. Jalaran sadaya wau sejatosipun wonten alam barzah inggih puniko alam ingkang nengah-nengahi antawis alam dunya lan alam akhirat.
Lan dipun tujuaken dateng latifah Robaniyah ingkang wonten ing raganipun saben-saben manungsa, dene anggenipun dipun sebataken ni’mat kubur lan siksa kubur, puniko sebab kaprahipun tiyang ingkang pejah puniko dipun kuburaken, tur ingkang ketingal dening mripat manungsa puniko inggih kubur, sebab manungsa mboten saged sumerep alam barzah selagi dereng pejah.
Artosipun latifah Robaniyah inggih puniko benda alus tur lembut, kados to peningal, pemireng, perasa, pengambu utawi ingkang biasa kita sebut “KU” utawi “AKU”. Sehinggo nalika kita dipun pitakeni peningal niku nopo ? Temtu kita mboten saged jawab, lan sedaya tiyang ugi mboten saged jawab, nopo malih supados nedahaken wujudipun.
Ewa samanten wonten ing sedaya raganipun manungsa mesti wonten, senajan manungsa sampun pejah. Mila latifah Robaniyah niki nalikane ruh sampun medal bade manggen ing ‘ajbu dzanab (balung cilik ingkang alit).
Mila saking puniko wonten ing kitab Aqoid dipun terangaken, menurut ulama ahli sunah wal jama’ah: saben-saben tiyang Islam wajib nekadaken (kedah i’tiqad) yen balung ‘ajbu dzanab puniko mboten bade rusak, mboten saged dados lemah
19. Dipun sunataken nyiram kuburan sasampunipun rampung saking ngurug, sinaosa pinuju jawab, lajeng dipun sunataken ugi damel tenger/pahesan
20. Makruh damel peti/kotak kangge mayit, kejawi nalika kuburipun ngetuk/ medal toyanipun sebab panggenan becek, utawi lemahipun gampil longsor
21. Haram mindahaken mayit saderengipun dipun kubur, dipun pindah sangking panggenan pejahipun dateng panggenan ingkang langkung tebih saking kuburan tempat pejahipun perlu dipun kubur. Menawi anggenipun mindahaken sesampunipun dipun kubur tur mayit sakinten sampun rusak kantun balung puniko mboten haram, tapi menawi mayit dereng rusak puniko haram
22. Anggenipun damel luangan ingkang lebet tur omber kinten-kinten sadedeg sepengawe, samanten ugi luang landakipun/lahad inggih ingkang omber sekinten mayitipun lenggah mboten bade sundul. Jalaran tiyang pejah puniko menawi sampun dipun kubur tigang dinten wetengipun jebol dipun krubuti blatung.
Menawi pitung dinten dagingipun telas sarambutipun lan blatungipun sehingga ingkang taksih namung otot lan balung. Sehingga otot ingkang nyambung sirah lan sikil sakedik-sakedik mulai mengkeret sebab garing. Mila lajeng balung sirahipun ketarik sagigiripun, sehingga mayit ingkang makaten dados saged lungguh mrekungkung ngantos sikilipun.
Sesampunipun genep sekawan doso dinten, balung-balung wau ngantos cumplung sirah mulai mreteli dados ngumpul satunggal kados dipun tata. Makaten perjalanipun jasmani namung dumugi mriki, dene ruhipun taksih nerasaken dumugi dinten kiamat/ dipun tangiaken.
23. Dipun sunataken ziarah, tegesipun tilik kubur nalika taksih enggal, langkung-langkung kuburipun kaluarga lan tiyang sepah kekalihipun. Dene maksudipun syara inggih puniko mbok bilih kuburipun ambles lan perlu ngalap tulada/ i’tibar dateng tiyang ingkang sampun pejah.
Ananipun masalah maos Qur’an utawi tahlil puniko nomer kaping kalih. Contohipun i’tibar inggih puniko: mikir-mikir sakitipun tiyang dicabut ruhipun, mikir-mikir sesampunipun dipun kubur nopo bade slamet saking siksa utawi saged jawab pitakonan malaikat nopo mboten ?
Sebab uripa teng dunya katah damel luput dateng sesami, katah mbalelo dateng Pangeran, kesed ‘ibadah lan sanes-sanesipun
24. Tiyang ziarah kubur dipun sunataken uluk salam rumiyin:
25. Nalika mlampah ing kuburan ngagem sendal/sepatu, mboten nglangkahi kubur, mboten nglenggahi utawi nyender teng kubur, mboten ngatahaken obrolan lan mboten mangan-mangan, tapi kedah khusyuk, anteng lan sopan.
26. Madep dateng anceripun sirahipun mayit lajeng maos Qur’an utawi tahlil lajeng maos do’a kanti madep kiblat
27. Tiyang estri mboten pareng derek dateng kuburan utawi ziarah, sebab katah fitnahipun

KITAB KATERANGAN TENTANG
MULASARA JANAZAH


0 Responses to “Makalah Agama”



  1. Tinggalkan sebuah Komentar

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s


%d blogger menyukai ini: